16 Ags 2009, RT 13.

Kaya biasane saben malem 17 Agustusan RT 31 nganakaken tirakatan. Biasane acarane ana sambutan sekang wong tuwo jaman londo po jepang. terus mbagi2 hadiah-hadiah lomba anak2 karo lomba2 wong tuwanan. Terus hiburan anak2, sing tuwa ya ana baen sing melu nyanyi.

Tirakanan siki, sing dadi EO bocah2 karang taruna RT 31. Jebule siki ya wis akeh anak-anake wong arwana sing wis pada bujang…bongsor2. Acarane mulainen telat. Biasane jam setengah wolu wis mulaih. nah siki jam setengah sepuluh nembe mulaih. Dibukak Pak RT-pak Hondi, pelantikan karang taruna, terus diisi renungan pak Agus Ilham sesepuh RT 31. Crita jaman jogja ora kepenak. Disambi dinner nang ngarep cakruk, warga ngungokaken crita heriok-ke pak Agus.

Bar ndonga untuk Indonesia sing dipimpin pak Subhan, terus bar Pak RW nyambut, pak RW nyumbang rong lagu sedurunge pamit arep maring RT liyane.

Hiburan cah-cah karang taruna ana lagu laskar pelangi, puisi, door prise, karo liya-liyane. Sing mandu MC pak Bagyo, kaya biasane sela2 ndagel-ndagel, ngledek bocah-bocah. Pembagian hadiah nggo cah2 dadi meriah soale diiringi lagune mbah Surip tak gendong. DJ ne pakar elektronik RT31, pak Trias.

. Mbagi dor prise-e pak bagyo ana lomba njoget bocah sing ditutupi mripate. lomba njerit “merdeka”…wis jan ana-ana baen.

lha sing ngageti, sing tuwa2 wis nyiapaken lagu anak2 eeee.. bocah-bocah sing kon nyanyi malah njaluk lagu wong tuwa…tragedi cinta…trus ana sing njaluk nyanyi lagune kuburan…wis jan pendeken.

Rampung di tutup jam rolas mbengi pas. tirakatan trus bubaran. Tirakatan mbengi kiye ana musibah. Umahe pak Subhan sing sebelah gardu ronda, blandar atape semplak. Gendengan pada nibani eternit. paling ora ana telung eternit sing jebul. Alhamdulillah ora nana sing ketiban. wah jan. ya maklum perumnas wis awit tahun 1994, wis limolas tahun. dadi akeh umah sing kayune wis pada kropos.

Muga-muga ora nular nang umah liyane. trus developer perumahan bisa nggawekna umah sing ora mbahayani kaya kiye, ora mung nggolet bathine thok. Lha nek ngrugeni kaya kiye, developere ya apa arep di tagih nang akherat? nangudzubillah. Moga2 tirakatan tahun kiye marekaken negara Indonesia dadi luwih apik, raykate luwih sejahtera, pemerintahe luwih adil. ora ngingu poli-tikus2 sawah, apa maning tikus kalen. Amin