Pancen senengane dolan. Nang halamen kiye, isine crita mayeng nang endi ora pokoke. Ya Alhamdulillah, mayenge ra neka-neka. Pas dadi mahasiswa UGM ya karo kanca2 kampus apa IKEBARA (o iya Ikebara kuwe kumpuan menungsa banjarnegara nang jogja, sing akeh mahasiswa), kanca ngaji barang.
Pas Irian, wah seneng mayeng silaturahmi nang SP (satuan pemukiman, transmigrasi). Cara-carane arep latihan nyambut gawe nang Frepport dadi trainer nang QMS (jeneng departemene). Nyambut gawene nang nggunung duwure 3500 m. ademe poool…. tapi ya kepriwen maning ya jenenge ngode..ya tetep di lakoni baen…kaya apa rekasane ya di raksakna. Neng weekend mlaku2 silaturahmi karo sedulur2 transmigran nang tengah alase timika…nyetel film karo nggawa genset dewek…
Dadi dosen ya tetep seneng mayeng karo mahasiswane, nganti nonton thukul barang. karo kanca-kanca dosen liyane ya mayeng. kaya nang kopenge magelang.
Nang Taiwan, nembe teka rong ndina ya wis mayeng nang kota liyane, sekang chungli maring taichung, Tainan, kaohsiun.
Nek Taipei-ne cedhek mung sejam dadi bola-bali ya dolan Taipe, hobine numpak MRT.
Kegiatan karo kanca2 indo nang formmit (www.formmit.org), silaturahmi karo bos2 Indonesia nang KDEI, jalan2-makan2 karo TKI.Sekolah2 ya di sempet2 aken mayeng nang Jepang clingukan nang Tokyo
Karo anak bojo ya seneng mayeng. Maring parangtritis, kaliurang, Solo bumm, mancing, tekan Bali barang. pokoke lah…….
Taipei: halal bi halal KDEI : Halal bi halal KDEI 2008
Alhamdulillah ketemu darat Reuni angkatan 1988 SMPN 1 Banjarnegara bar ketemu nang dunia maya. Kiye dokumentasine

1 comment
Comments feed for this article
Agustus 27, 2009 pada 11:27 am
hanif
Wah Pak Tya senenge mayeng-manyeng. Enak temen ya?he he he