sin053r1lha kepriwe maning, bar lulus SMA, nang mbanjar ora nana perguruan tinggi dadine ya kabur sekang mbanjar Banjar bar kuliah nang jogja. Pertamane si bingung arep kuliah nang jurusan apa, lha ngertine kur kuliah kiye bisa dadi dokter, insinyur. Ngertine ya insinyur arsitek bangsane kaya kuwe. Pas di jek milih teknik sipil, ya esih bingung. Pada pora ya sipil karo arsitek. jere pada. ya wis ndaftar teknik sipil.

000086Bar lulus S1 ditemokna karo akhwat pekalongan sing jenenge Yayuk Soraya, lulusan kedokteran UGM. ketone kok cocok, ya wis bismillah gelem baen. trus taaruf-kenalan nang ngumaeh kancane nang patangpuluhan, diterusaken khitbah karo walimah tahun 1998.

Nganti siki wis diwei rejeki anak 3, lanang kabeh. Alhamdulillah. Mbarepe Aiman Hilmi Asaduddin (lair 23 Juli 1999), nomer loro Rofiq Wavi’ Muhammad (lair 18 Mei 2001), bontote Muhammad Kaisan Haedar (lair 16 Agustus 2004). Bar lulus SMAN 1 Banjar taun 1991, nerusaken sekolah nang teknik sipil UGM jogja, S2 ne ya nang UGM, njikot Magister Manajemen. Siki manggon nang Minomartani Ngaglik Sleman jogja. Awit kuliah S2 nyambi dadi trainer nang PT Trustco, dadi direktur Cabang Jogja sing pusate nang Jakarta. Bar lulus S2 njajal pengalaman kerja nang Freeport Irian. Kerja nang alas nang nduwur gunung jaya wijaya, dadi trainer, mulang karyawan sing kerja nang ngkana. Ademe pol. Wis tau kerja dadi wakil direkture rumah sakit PKU nang mbantul Jogja. trus awit 2003 rejekine dadi guru nang UNY sing gemiyen jenenge Ikip, karo nyambi nang AMIK kartika Yani jogja.

dsc006051Awit 2007 sekolah maning nang desa chungli Taiwan…..lah ketemu wong ngomong ora mudeng soale basa cina, akeh tulisan ora bisa ke waca, soale tulisan cina. Nggolet panganan halal, kudu muter2, soale taiwan akeh babine. Kuliah setaun…eeee…. beasiswa sekang sekolahane dipotong 40 persen, gari 60%. ya dadi ngirit, kadang mangan sedina mung sepisan. kebeneran nggawa susu, energen, teh, sekang jogja, ya wis ndina-ndina nginume ya ngirit. Seneng nek ana acara karo kanca-kanca Indonesia nang taiwan, minimal mangan gratis…tis…. ya wis sabar baen…muga-muga berkah beasiswane…..sekolahe. siji setengah tahun – kabeh mata kuliah wis teyeng lulus kabeh, gari ngoyong syarat kandidasi nulis artikel nang jurnal isternasional terus nembe bisa nggarap desertasi…ketone ko angel temen ya… dongaknya cepet lulus ya. Amin.

Aja kelalen ngajine. Aja ketularan wong gemblung karo kenthir….